SUMIIRE ANGIN DEMOKRASI

 

Fadjar A. Hidayat :

 

SUMILIRE ANGIN DEMOKRASI

 

kabeh surak-surak!!

kabeh lunjak-lunjak!!

 

jare angin demokrasi wus sumilir

ajak-ajak kang turu  supaya nglilir

 

banjur padha baris mlaku turut dalan

ngumbar swara nuntut iki nuntut ika

nyacat lan ngundhamana

 

ning geneya?

mulihe padha ngathungake tangan

nampani amplopan

saka paraga nyengkuni

kang wasis mancala putra mancala putri

 

kabeh surak-surak!!

kabeh lunjak-lunjak!!

jare wus marem

bisa nut sumilire angin demokrasi

 

                                       Trenggalek, 3wida 8/06 

( Jemparing, No: 02, September 2011 )