KLEYANG-KLEYANG

Fadjar A. Hidayat:

kleyang-kleyang abure jemparing

kang daklepas ngarah dhadhane

pepeteng wengi iki

kareben wudhar sakeh cahya pepadhang

kaya rina

kang suwe kinunjara ing

kancing gelunge sang bathara kala

mentala nguntal srengenge kita

nyipta grahana

ewadene tansah ora titis

kepara jemparingku kleyang-kleyang

balik ngenani pulung atiku

kang ngliga

nuduhake kringet kasetyanku

marang sisa-sisaning wektu

kang isih bisa dakenggo sedheku

Jember, Juli '03

( Jaya Baya, No.01,Minggu 1/September 2003)