KEMBANG ANGEN-ANGEN

Fadjar A.Hidayat:

angen-angen mekar ngrembaka

ngebaki tlatah mardika kang nela

garing saka sihe rasa

tresna-tinresnan kaya dene

kombang lan kekembangan

nyipta jaring-jaring panguripan

endah kang ngasilake madu manis

lan yen impen-impen padha dadi pepundhen

fantasi dadi nabi

fatamorgana dikira nyata

mratandhani yen urip wis kari

angen-angen

awit pakarti wus kandheg pangucap

dadi kecap mbumboni sakeh kadurakan

    angen-angen mekar ngrembaka

    dadi kembang-kembang tatune nala

    embuh kapan bisa kaentha lukisan

ing kanvas-kanvas jaman

ewadene ngranti tekane ing

stasiun iki

durung ana swarane kreta keprungu

        Jember, Desember ' 03

(Jaya Baya, No.19-Minggu II Januari 2004)