ING STASIUN

 

Fadjar @ Hidayat :

 

 

ING STASIUN

 

ing stasiun iki

raaga-raga lungkrah sumendhe

nyoba nggambarake endahe dina wingi

gegojegan ing stasiun kana kene

ngrakit sewu crita

ing cahyane candhikala stasiun iki

mujudake stasiun pungkasan kang

kena kanggo leren

ngaso saka anggone bebadra

nglacak dununge sang kholik

mula ing stasiun iki

raga-raga lungkrah sumendhe

saemper gerbong-gerbong tuwa

kang wis buyuten tumumpang rel

tanpa kriyet-kriyet sesambat

setya ngancani stasiun iki

kang uga saya tuwa

njaluk anyaring crita

 

Jember, Pebruari ‘03

Panjebar Semangat, No.26-28 Juli 2003