IMPEN ING WENGI KLAWU

 

Fadjar @ Hidayat :

 

 

IMPEN ING WENGI KLAWU

apa salah yen impen-impen iku

wis dadi kaya dene obat ngelu

sirah kang sangsaya abot sinangga

wus tan kuwat kanggo tumenga

 

“nyawang taman sari ing netramu”

 

emane impen-impen uga wis jinajah

dening sawernane iklan-iklan nggladrah

ora bisa endah kaya nalika kita bocah

kebak esem dolanan wewayangan sumringah

 

“wewayangane taman sari ing netramu”

 

ing kanyatan utawa ing impen

kang katon mung wujudmu

he, bathara kala kang ngisis untu!

 

FKPJ Jember, Juli 2004