GURIT WONG PINGGIRAN

Fadjar A.HIdayat:

Nyawang banyu kali

kang butheg dikebaki sewu panandhang

kringete buruh-buruh pabrik

eluhe lonthe-lonthe dalanan

uyuhe para bajingan

isih ana esem kang bisa disungging

nalika laler rame-rame orasi

lan nyamuk-nyamuk demontrasi

"Kabeh mau ora bakal ngowahi uripku"

lirih tembunge kere setengah tuwa

sinambi sendhen pathok kubure

isih karo mesem kebak werdi

    Kaliwining, Pungkasan Pebruari ' 01

(Panjebar Semangat,No.50 : 4 Desember 2002 )