GURIT SAJADAH

 

Fadjar @ Hidayat :

 

 

GURIT SAJADAH

 

Sajadah nlumah

Pasrah nampa tangis

Kang coba disingidake saka

Mripat-mripat wantah

Lirak-lirik kepengin ngerbut

Ati kang wus disesuci

Ing sajadah

Kaentha panglipur-E

Nalika tangan-tangan wus

Tan kuwasa ngobahake

Sketsa-sketsa ing kanvas

Panguripan putih

Sajadah tansah setya

Ngranti sujud

Lan tangis

Kabahagyan bisa ngirup arum

Ganda-Ne

 

Jember, Juni ‘03

Jaya Baya No. 44 / 29 Juni – 05 Juli 2003