EPISODE KLAWU WIT GEDHE

 

Fadjar A. Hidayat :

 

EPISODE KLAWU WIT GEDHE

 

wit gedhe kebak pang gedhe cilik

iku biyen ngrembuyung godhonge

    ijone nggugah rasa syukur ajak tafakur

    ngukur hidayah-E kang tanpa wates

abange sung panjurung makantar-kantar

najan kudu gugur mbelani urip makmur

    kuninge kuning gadhing

    nguncarakake kukuhing oyot-oyote

 

ning ketiga dawa banjur neba

lesus musus gawe prahara

manuk cilik-cilik mampir ninggal wisa

thukuling kemladheyan

  

sanalika godhonge padha gogrog

nyuburake kemladheyan kang sesongaran

ngece sunaring srengenge

 

barat wingi kae

kasil nyempalake salah siji pange

nibani pang-pang liya

( dURUNG KAPACAK ANA KALAWARTA )