EKSPEDHISI ATI

 

Fadjar @ Hidayat :

 

EKSPEDISI ATI

 

Layar sun kang wus rowak-rawek

Ketrajang angin panggodha

Tetep sun pasang

Ing prau ati sun kang tansah lelayar

Nut lakuning srengenge nggliwar

 

     Panyempyoking ombak mung pangujiMu

     Nantang tatag ati sun

     Nglari tlacak tumuju tlatah pangayomMu

 

Pulo mbaka pulo

Supitan mbaka supitan

Prau sun liwat ngendhani ombak gedhe

                 Ngendhani pambujunge prahara

 

     Sun ora ngerti

     Kapan prau ati sun labuh

     Mbuwang jangkar dedosa

     Sumendhe ing dermagaMu

                 Trenggalek, 3wida 905

 

(JB, No.15, Minggu II, Desember 2005)