PUNGKASANE CRITA CEKAK REMAJA

06/11/2011 09:16

 

Dening: Fadjar @ Hidayat *)

“Piye, Mas? Cerkak remajaku wis sampeyan waca? Layak apa ora yen dikirim menyang majalah? ” pitakone Dyah Wulandari marang Susmono sing lagi wae metu saka ruang kuliah. Susmono mesem seneng. Njur pasang aksi, naleni rambute sing dawa sapundhak dadi kaya buntut jaran.
“Golek lungguhan sik, Yah! Kuwi, ruang kuliah sebelah kosong!” Susmono nuding ruang kuliah sing durung dipanggoni lan terus ngglandhang tangane Dyah diajak mrono. Atine Susmono kumesar nalika tangane nyekel tangane Dyah sing alus.
Bocah loro terus lungguh adhep-adhepan ing kursi sing wis ditata dening Susmono. Susmono mbukak tase ngetokna naskah cerkak dhuweke Dyah. Sakdurunge miwiti ngomong, Susmono kober nyawang raine Dyah sing ayu kuwi.
“Mas, kok nyawang aku ngono? Aku isin lho Mas!” kandhane Dyah karo ndhingkluk.
“Soryy, Yah! Iki ngene, Yah! Crita cekak remajamu iki wis meh apik. Kari ndandani sethithik wae mesthi bisa kamot ing majalah. Utamane, yen isa ya digawe happy ending ngono wae critane. Lagi ajar ki sing penting mentes dhisik. Ana maneh, penulisane isih akeh sing kliru. Contone, kandha kuwi aja koktulis kondho, prihatin aja kok tulis prihaten!”
“Ya kuwi, Mas! Aku ki ra pati isa nulis nganggo basa Jawa. Mangkane Mas Susmono takjaluki tulung ngoreksi dhisik cerkak remajaku iki sakdurunge dakkirim nang majalah! Njur penake endinge piye, Mas?”
“Iya aku ngerti, Yah! Mangkane awakmu kudu kerep maca majalah basa Jawa ben bisa niteni cara penulisane tembung-tembung nganggo basa Jawa! Endinge, awakmu kari nemtokake sapa ing antarane cowok loro sing bisa dadi pacare Wulan, tokoh utama ing cerkakmu kuwi! Utawa…”
“Utawa piye, Mas?” saute Dyah.
“Utawa Wulan jebule wis duwe cowok dhewe sing mentas wae anggone daden. Iku luwih surprise!”
“Dakpikire dhisik, Mas! Soale aku ki rak durung tau pacaran ta, Mas. Dadi ya rada angel nyelami jiwane bocah pacaran. Suwun, ya, Mas! Naskahku kuwi dakgawane dhisik arep dakdandani. Mengko yen wis dadi dakwenehne Mas Susmono maneh ben sampeyan koreksi maneh.”
Susmono menehake naskah cerkak remaja kuwi marang Dyah. Dyah nampani karo mesem terus pamitan arep bali amarga wis ora ana jam kuliah maneh. Susmono manthuk karo ora lali nyawang praupan ayu kuning kuwi.
Dyah metu saka ruangan. Kari Susmono sing dheleg-dheleg ijen. Wewayangane Dyah sing ayu kuning isih cemanthel ing mripate. Supaya wewayangan kuwi ora cepet ilang njur mripate diremake. Sirahe disendhekake karo awake dlosor sendhen kursi.
Dyah Wulandari pancen kembange angkatan anyar sing lagi mlebu kuliah rong wulanan. Nalika malam keakraban, Dyah dhewe sing nggoleki Susmono kepengin kenalan. Pranyata, Dyah kuwi penggemar cerkak-cerkak remajane Susmono ing majalah basa Jawa sing dilanggan bapake. Lan maneh, figure Susmono ya tau dipacak ing majalah iku minangka pengarang muda berbakat. Kathik fotone sing nggatheng ya dipasang sisan ing artikel kuwi.
Ketemu pisanan nalika semana, atine Susmono wis kroncalan. Pancen akeh kanca saangkatane sing ayu-ayu. Ya sing sakjurusan utawa liya jurusan. Ning, siji wae ora ana sing bisa gawe kroncalane atine. Ya mung lagi Dyah Wulandari iki sing bisa!
“Wo…lha iki apa bedhese!” sawijing swara gawe njenggirate Susmono. Puji Gendut sing mau nyuwara malang kadhak ana lawang.
“Digoleki sampek bingung kok malah enak-enak liyer-liyer neng kene. Ayo, mulih ora?”
“Ayo!” Susmono menyat njur ngrangkul pundhake Puji Gendhut, kancane sakamar ing kost-kostan.
Sore-sore telung dina candhake, udan grimis riwis-riwis ora uwis-uwis. Susmono ijenman nang kost-kostan. Kanca-kancane sakostan wiwit bubar ashyar mau padha budhal menyang plaza. Embuh, udan-udan kok ya padha nekat. Padha direwangi sepedha montoran mantelan.  Yen Puji Gendhut wiwit wingi mulih tilik wong tuwane karo njaluk jathah dhuwit.
Lagi enak-enak arep ngetik guritan, dadak bel omah muni. Susmono ora sida nerusake ngetik. Dheweke gage  clanan lan klamben terus metu saka kamar mbukak lawang.
“Aku, Mas! Mas Susmono ora repot, kan?” Cewek sing banget ditepungi Susmono wis ngadeg ana ngarep lawang, kandha sinambi mesem. Payunge wis diingkupna lan disendheke ing saka teras. Cewek kuwi ora liya ya Dyah Wulandari.
“Ah, ora repot kok, Yah! Mlebua!”
“Anu, Mas! Iki naskahku wingenane sing wis dakdandani! Tulung sampeyan koreksi maneh!” kandhane Dyah sakwise lungguh kepenak karo ngetokake stopmap saka tas kresek.
“Udan-udan kok ya nekat ta kowe kuwi, Yah! Sesuk-sesuk rak ya bisa, ta?” kandhane Susmono karo mbukak stopmap. Mripate banjur njingglengi print-printnan komputer kuwi.
“Aku sesuk arep pulang kampung, Mas! Rencanaku yen naskah kuwi wis pantes dikirim, arep dakkirim saka ndesa ae!”
Susmono terus ngoreksi naskah cerkak remajane Dyah. Ora sepira suwe anggone ngoreksi. Awit, Susmono sing wis kulina nggawe cerkak kuwi wis ngerti panggonan-panggonan sing kudu digatekake ing sawijing cerita cekak.
“Lho, iki kok isih durung kokgawe happy ending ta, Yah? Lha iki, Wulan isih bingung nemtokake sapa sing bakal dipilih minangka pacare!”
“Aku kangelan nemtokake, Mas! Lha piye, wong loro-lorone padha ora disenengi Wulan kok. Arep ngomongi yen ditolak ki kok ya ora penak!”
“Wis, ngene ae, Yah! Naskah kuwi tambahana yen sakjane Wulan lagi wae ngiket tali katresnan karo sawijining cowok. Mulane Wulan ora menehi jawaban marang cowok loro kuwi amarga Wulan kepengin cowok loro kuwi ngerti dhewe mengkone!”
“Banjur, kira-kira jenenge cowoke Wulan kuwi sapa, Mas?”
“Jenenge…jenenge…Susmono!”  Brol! Atine Susmono krasa lega.
“Mas…Mas Mono?” Dyah nyawang ora percaya.
“I…iya, Yah! Gelem ta awakmu nrima aku?”
“Mas Mono mung guyon, kan?”
“Aku serius, Yah! Dua rius malah! Piye? Ora kokwangsuli sakiki ora apa-apa! Wangsulane bisa ana cerkakmu kuwi. Aku yakin cerkakmu remaja kuwi bakal dimot ing majalah. Mengko dakentenane lan dakwacane! Endinge mengko kepriye, kuwi dakanggep wangsulanmu ngenani gelem orane awakmu nrima tresnaku.”
Dyah mung ndhingkluk. Tangane nampani naskah sing diulungake Susmono. Dyah banjur menyat saka lungguhe.
“Dakterke, Yah! Aku arep karo golek mangan!”
Bocah loro payungan siji. Susmono sing nyekel paying. Udan riwis-riwis ditrabas. Batine Dyah ayem. Lambene ndelikake esem. Ing pangangen-angene wis cetha endinge crita. Wulan, tokoh utama ing cerkak remajane wis ngiket tali katresnan karo Susmono. Cowok sing saktemene wis ditresnane wiwit ketemu sepisanan kae. Lan cowok loro sing padha ngesiri Wulan dijarake mengko kareben ngerti dhewe.
Ah, ben Mas Susmono maca dhewe mengko pungkasane crita cekak remajane ing majalah! Batin atine Dyah. Tangane njur srawehan ngelapi banyu udan sing nampek raine sing satemene kecampuran eluh kabagyan.
( kAPACAK ING kALAWARTI dAMARJATI, TAHUN LAN TANGGAL LALI )