NGETERAKE BALI LELEMBUTE JARANAN

11/11/2011 21:37

DENING: ANGIN N.HIDAYAT

Pawai Kesenian jaranan mubeng kutha mentas wae bubar. Peserta pawai sing dumadi saka siswa SD, SMP, lan SMU  wis padha bali dhewe-dhewe. Kari guru-guru lan wong-wong sing  perangkat kesenian jaranane disewa dening pihak sekolahan wae sing isih ibut ngringkesi gamelan jaranane ing sekolahan-sekolahan.

Semono uga sing kedadeyan ing SMP Negeri 4 kuwi. Kira-kira jam pitu bengi punjul, sawetara guru lan para pengrawit kesenian jaranan sing mentas disewa isih repot ana sekolahan. Guru-gurune padha ngrewangi ringkes-ringkes perangkat gamelan lan jaranan, mbiyantu para pengrawit sing uga minangka anggota kesenian jaranan sing disewa. Pak Sugiyo, pesuruh ngrangkep penjaga lan tukang kebon sekolahan kono melu ngrewangi sakwise nggawekake wedang kopi kanggo para guru lan pengrawit.

Gamelan lan jaranan sing wingi bengi diinepna ing ruang perpustakaan kuwi saiki wis ditata ing ndhuwur mobil pik-up arep dikirim bali menyang sing duwe bareng karo para pengrawite.

“Kados pundi, Pak Mijan? Mboten wonten ingkang ketilar, ta?” pitakone Pak Samudi, wakil kepala sekolah sing ketiban sampur dadi ketua panitia pawai kesenian marang Pak Mijan, pimpinan pengrawit ngrangkep dadi wakil pimpinan group jaranan.

“Ketingale sampun beres sedanten, Pak! Ning, menawi wonten ingkang kentun nggh njenengan teraken!” wangsulane Pak Mijan karo ngguyu.

“Nggih, mangke kersane Pak Sugiyo mawon ingkang ngeteraken!” Pak Samudi males guyon.

Pak Mijan banjur ngaba para kanca pengrawit supaya munggah mobil. Nalika sopir mobil pick-up wis munggah, Pak Mijan nututi munggah mobil. Mobil nggereng alus nalika sopire wis nyetarter mobile.

“Mangga, Pak!” pamite Pak Mijan marang Pak Samudi lan guru liyane, uga marang Pak Sugiyo mbarengi roda mobil wiwit ngglindhing alon.

Ora let suwe, Pak Samudi lan kanca guru liyane uga padha bali mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Swasana sekolah bali tintrim. Pak Sugiyo mung kari kijenan ringkes-ringkes gelas digawa bali menyang omahe. Bubar nyerahake gelas marang bojone sing bakal ngorahi, Pak Sugiyo bali menyang sekolahan saperlu mriksa lan ngunci lawang ruang guru, ruang perpustakaan lan lawang gerbang sekolah.

Nalika Pak Sugiyo ngunci ruang perpustakaan sing tilas kanggo nyeleh gamelan lan jaranan kuwi, githoke krasa mak prinding. Atine kumesar. Wulu cumbune padha ngadeg. Kamangka adat sabene ora tau ngrasakake sing kaya ngono. Bubar ngunci lawange ruang perpustakaan, gage wae Pak Sugiyo mulih menyang omahe kanthi jangkah sing luwih cepet.

Tekan ngomah Pak Sugiyo melu nggabung bojone ndeleng tivi sinambi ngombe kopi sing disedhiyakake bojone. Jam tembok wis nuduhake jam setengah sanga bengi. Bojone Pak Sugiyo wis katon yen ngantuk. Ning ketara yen diempet kanggo ndeleng acara tivi kesenengane, sinetron laga sing nyuplik lakone crita rakyat.

“Yen ngantuk ya turua lho, Bune!” pangatage Pak Sugiyo. “Aja dipeksa nonton wong ya critane mung ngono-ngono wae!”

“Karepku ki timbang nonton sinetron-sinetron biasa sing isine ora mutu sore mau, rak luwung ndeleng sinetron laga ngene iki ta, Pak! Ning sajake mripat iki kok ora gelem dijak nonton nganti tutug. Wis ya, Pak! Aku takturu dhisik!”

Bu Sugiyo klunuh-klunuh menyang kamar nyusul si Deni anake sing isih umur rong taunan sing wis turu nglepus wiwit jam pitu mau. Sajake si Deni kekeselen amarga awan mau ora turu, nanging plalah ndeleng pawai kesenian neng alun-alun.

Pak Sugiyo kari ijen ngadhep tivi. Wiwitane mripate padhang ndeleng tivi. Ning suwe-suwe krasa abot. Ora krasa sirahe banjur theklak-thekluk saking ngantuke. Pak Sugiyo njenggirat tangi nalika kupinge krungu swarane lawang dithothok banter. Jam tembok disawang nuduhake jam sewelas luwih limalas menit. Weruh kopine isih seprapat gelas cendhek banjur diranggeh lan diombe. Pak Sugiyo banjur menyat mbukak lawang.

Disawang ing njaba ora ana sapa-sapa. Ditoleh sisih kiwa lan tengen ya ora ana blegere wong. Njur sapa sing thothok-thothok mau? Apa aku mau mung ngimpi? Ning kok kaya tenan wae. Buktine aku nganti njenggirat tangi amarga swarane lawang dithothok pancen banter. Pikirane Pak Sugiyo sangsaya bingung.

Lawang ditutup maneh dening Pak Sugiyo. Ning ora dikunci kaya mau. Krungu swarane tivi isih muni, Pak Sugiyo mara banjur dipateni. Apa mau swarane wong nothok lawang ing tivi? Mbokmenawa wae! Pak Sugiyo niyat arep kliling ndeleng kahanane sekolahan. Aja-aja ana wong sing arep nduwe pokal gawe ora bener?

Pak Sugiyo mara menyang pawon njupuk arit kanggo jaga-jaga. Sapa ngerti pancen ana wong sumedya ala. Lagi wae tangane nyandhak arit, kupinge krungu swara lawang omahe ana sing nothoki kanthi banter. Bubar ngono keprungu swara tangis ndrenginging. Bengi-bengi ngene kok ana sing nangis barang! Apa ibune Deni, ya? Apa nglindur?

Pak Sugiyo gage ndeleng menyang kamar. Jebul bojone kuwi isih turu nglipus karo ngeloni si Deni. Sawetara kuwi swara tangis ndrenginging isih keprungu. Mung swarane lawang dithokthok wis ora keprungu. Pak Sugiyo mbuwang rasa wedine. Dheweke gage metu saka omah sakwise nyaut senter baterai telune.

Ditilingake kupinge supaya ngerti saka ngendi asale swara tangis ndrenginging kuwi. Jebul swara kuwi saka arah sekolahan. Sekolahan diparani karo nyorotake sunare senter mrana-mrene. Saka kadohan mripate nyawang blegere wong lagi lungguh ing ngarep ruang perpustakaan. Sentere njur disorotake mrono.

Pak Sugiyo nyedhak. Saiki katon rada cetha kena sorote senter lan lampu teras ruang perpustakaan yen sing lungguh ing teras ruang perpustakaan kuwi bocah wedok. Sandhangan sing dienggo kaya sandhangane pemain jaranan. Bocah wedok kuwi lungguh karo nangis ndrenginging.

“Lho, Ndhuk! Kowe bengi-bengi ngene kok ana kene? Omahmu ngendi?” pitakone Pak Sugiyo tanpa mikir sing ditakoni bocah tenan apa ora.

“Kula ketinggalan rombongan, Pak! Kula mboten wantun wangsul ijen! Tulung, Pak! Kula njenengan teraken wangsul!” tembunge bocah wedok kuwi karo isih nangis mingseg-mingseg.

“Lha, omahmu kuwi ngendi?”

“Nggih griyane tiyang ingkang gadhah gamelan lan jaranan ingkang dipunsewa sekolahan mriki kangge ndherek pawai kesenian kalawau niku!”

“Lho, sik, ta? Sing disewa sekolahan kuwi rak jaranan lan gamelan sakpengrawite, ta? Ora nyewa penari jaranane barang. Kowe kuwi rak penari jaranan, ta?”

“Kula niki ingkang manggen teng gamelane jaranan niku lho, Pak!” wangsulane bocah wedok kuwi wis ora karo nangis maneh.

“Sing manggon neng gamelane jaranan?  Piya ta karepmu, Ndhuk?” Pak Sugiyo isih bingung.

“Kula niki jim utawi lelembut sing manggen teng gamelan. Lha, wau kula taksih dolan nilika gamelan kaliyan jaranane dipunangkut badhe diwangsulaken. Sakniki kula mboten wantun wangsul ijen!”

“Weh, kowe kuwi lelembut ta, Ndhuk! Ora ngira tenan aku. Dakkira yen lelembut kuwi rupane medeni, ning kowe kok ora?”

“Kula rak saged malih werni-werni ta, Pak!Ning kula remen ngangge wujud penari jaranan ngeten niki. Napa njenengan kepengin sumerep wujud kula ingkang medeni?”

“Ora-ora,Ndhuk! Wis ayo dakterake bali. Ning piye carane ngeterake kowe. Njur kowe apa ya apal dalan menyang omahe sing duwe jaranan lan gamelan kae mau?”

“Njenengan rak gadhah sepedha montor ta, Pak! Kula njenengan bonceng sepedha montor njenengan mawon. Mangke kulaaturi pirsa radosanipun kaliyan griyanipun ingkang gadhah gamelan jaranan nika wau!”

Sidane tengah wengi kuwi Pak Sugiyo ngetokake sepedha montor bebeke weton taun lawas. Bocah wedok lelembut kuwi tanpa dikongkon langsung ngetapel ing boncengan. Pak Sugiyo arep semanta nglarang ning bareng sepedha montore ora krasa tambah abot sedyane diwurungake.

Lawang gerbang sekolah dibukak dening Pak Sugiyo sakwise njagang sepedha montore. Sepedha montor dituntun metu. Lawang gerbang dikunci maneh. Pak Sugiyo banjur nyengklak sepedha montore lan mancal engkol starter. Sepedha montor nggereng kemratak swarane. Bareng kopling dilebokna siji lan gas ditambahi, sepedha montor wiwit nggleser.

Pak Sugiyo nglakokake sepedha montore anut abane bocah wedok lelembut sing dibonceng. Lakune sepedha montor banter banget kaya disawatake. Dalan sing diliwati ya ora ana juglangane babar pisan.

“Mandheg griya ngajeng nika, Pak! Nika sing lampune ngajeng griya menthor-menthor lan wonten papan namanipun group kesenian jaranan!” panuduhe bocah wedok lelembut. Pak Sugiyo manut. Sepedha montor diendheg kaya sing jaluk bocah wedok lelembut iku mau. “Matur nuwun,Pak! Mugi-mugi rejeki panjenengan lancar!”

Bocah wedok lelembut kuwi banjur mak lap ilang. Pak Sugiyo muter sepedha montore arep balik mulih. Ning, dheweke bingung. Awit ora ngerti dalan-dalan sing mau diliwati amarga saking bantere.

“Pak, njenegan nyetir kalih merem mawon! Mangke rak dugi nggriya. Mpun ta kula biyantu!” dumeling swara wedok ing kupinge Pak Sugiyo. Swarane bocah lelembut sing mau diterake bali. Pak Sugiyo percaya. Mripate banjur diremake karo nglakokake sepedha montore. Mbuh liwat ngedi wae lakune, Pak Sugiyo ora ngerti. Mripate Pak Sugiyo dibukak bareng sepedha montore krasa nabrak barang sing gemrobyak. Jebule nabrak lawang gerbang sekolahan.

Lawang gerbang dibukak kuncine. Saka kadohan wis keprungu kluruke pitik jago saut-sautan. Sakwise nglebokake sepedha montore lan ngunci lawang gerbang, Pak Sugiyo nuntun sepedha montore menyang omahe. Lelakon bengi kuwi kaya-kaya mung impen wae kanggon Pak Sugiyo. Ning, kabeh mau kasunyatan.