MATHUK PO ORA?

06/11/2011 09:08

 

PAHLAWAN LAN JIWA PAHLAWAN

           

            Duk nalika jaman pemerintahan Orde Baru, siswa-siswa ing sekolah-sekolah dasar bisa dipesthekake yen padha apal jeneng-jenenge pahlawan Indonesia. Wiwit jeneng-jenenge Pahlawan Kemerdekaan, Pahlawan Nasional,  nganti Pahlawan Revolusi. Lha arep ora apal  piye, lha wong saben ndina Bapak Ibu Guru  ndhawuhi siswane supaya ngucapna apalan jeneng-jenenge pahlawan kuwi ana ngarep kelas. Lan maneh, jaman semana isih usume Cerdas Cermat utawa Cerdas Tangkas sing asring dianakake kanggo ajang kompetisi antar sekolah. Ing acara Cerdas Cermat utawa Cerdas Tangkas mau akeh-akeh mbutuhake asiliong sinau sing arupa apalan utawa ingatan. Upamane, Pahlawan  Kemerdekaan saka Jawa Tengah jenenge sapa? Pahlawan Cut Nyak Dien asale saka Propinsi endi?

            Ing sawijining kamus ilmiah populer nyebutake yen pahlawan kuwi dasanamane patriot , yaiku wong kang tresna marang tanah wutah getihe (tanah airnya) lan ora wedi ngorbanake jiwa lan ragane kanggo kepetingan tanah wutah getihe.

            Pahlawan Indonesia pancen ya mujudake wong kang tresna marang nusa lan bangsa Indonesia nganti direwangi dadi korban amarga mbelani madege Negara Kesatuan Republik Indonesia, mula wis sakpantese yen ta ing sekolah-sekolah para siswane diperdi supaya gelem nepungi sapa wae pahlawan-pahlawan kusumaning bangsa iki lan yen bisa niru tekad, semangat lan perjuangane.

            Sing diarani pahlawan saktemene ora mung wong kang tresna lan lila dadi korban kanggo mbelani nusa lan bangsane wae, wong kang gelem mbiyantu wong liya kanthi lila legawa supaya bisa oleh kepinteran (ilmu) kang bakal migunani kanggo mangsa tembene wong sing dibiyantu mau supaya bisa urip kanthi layak kapara luwih kepenak uga bisa di arani pahlawan. Tuladhane ya Bapak lan Ibu Guru sing mulang muruk murid-muride  supaya padha pinter banjur mbesuk padha dadi dhokter, anggota DPR/MPR, dadi Gubernur, dadi Polisi, dadi Jaksa Agung, utawa malah dadi Presiden. Mula Bapak Ibu Guru banjur antuk sesebutan Pahlawan Tanpa Tanda Jasa.

            Pahlawan Tanpa Tanda Jasa tegese pahlawan kang ora antuk tandha pakurmatan minangka pahlawan kanthi resmi saka pamarentah. Dadi mung cukup diakoni wae yen pengabdiane para guru kuwi ora baen-baen. Ora mung minterake murid-muride, ning uga ndhidhik supaya murid-muride ora dadi wong sing pinter sing kapinterane kanggo minteri wong liya. Mula pakaryane guru jan abot tenan. Ora mung pinter nrasfer ilmu utawa ngajar, ning uga ndhidhik. Ndhidhik disiplin, ndhidhik ngregani sapepadha, ndhidhik nduweni budi pekerti kang apik, ndhidhik nduweni rasa kamanungsan, lan sakpanunggalane.

            Minangka Pahlawan Tanpa Tanda Jasa, jenenge Bapak lan Ibu Guru ora perlu diapalna murid-muride. Lha yen murid wajib ngapalne jenenge Bapak Ibu Guru sa-Indonesia, biyuh, pira wae cacahe sing kudu diapalne? Bisa-bisa murid-murid padha mogok ora gelem sekolah. Hehehe!

JIWA PAHLAWAN

            Saben wong ing jaman saiki bisa disebut pahlawan sauger nduweni jiwa pahlawan (patriotik). Jiwa pahlawan kuwi sing kepriye? Jiwa pahlawan kuwi gampange ya pakarti sing kaya didarbeni para pahlawan kusumaning bangsa. Nduweni rasa tresna marang nusa lan bangsane lan ora lila yen bangsane dijajah bangsa liya, gelem makarya kanthi lila legawa tanpa pamrih kareben dialem utawa dipuja-puja, lan luwih nengenake kepentingane wong akeh tinimbang kepentingane dhewe.

            Saktemene, yen gelem padha jujur lan ora nyombongake tugas lan pakaryane sowang-sowang, sing kudu sinebut Pahlawan Tanpa Tanda Jasa kuwi kudune ora mung Bapak lan Ibu Guru. Isih akeh maneh sing pantes oleh sebutan Pahlawan Tanpa Tanda Jasa amarga padha nduweni jiwa kaya pahlawan.

            Tukang ngangkut sampah, tukang sayur keliling, tukang pos, tukang adzan, wartawan, ibu rumah tangga, pembantu rumah tangga, lan isih akeh maneh ya pantes yen oleh sebutan Pahlawan Tanpa Tanda Jasa. Tukang ngangkut sampah sing saben ndina ngangkuti sampah saka ngarepe saben omah kanthi ora wedi ambu badheg lan banger saengga lingkungan dadi katon resik apa ora pantes yen karan pahlawan? Coba, telung ndina wae tukang ngangkut sampah ora mubeng njupuki sampah? Dadi kaya apa dadine lingkungan? Banjur, yen tukang sayur ora mubeng keliling, kaya ngapa bingunge ibu-ibu rumah tangga sing adoh saka pasar? Semono uga tukang pos, wartawan, tukang adzan, pembantu rumah tangga, lan ibu rumah tangga yen padha ora gelem kanthi suka rila nandhangi pakaryane , mesthi bakal kedadeyan kisruh. Informasi bakal mandheg yen tukang pos lan wartawan padha ora gelem makarya. Wong bakal bingung lan lali ibadah yen tukang adzan ora nindakake tugase kanthi tepat wektu. Kahanan bale somah bakal awut-awutan yen ibu rumah tangga lan pembantu rumah tangga padha emoh tandang gawe.

            Ana maneh pahlawan kang antuk sesebutan Pahlawan Devisa, yaiku para Tenaga Kerja Indonesia lan Tenaga Kerja Wanita kang padha bara nyambut gawe menyang bumi manca negara lan padha ngirimake bayare (sing akeh-akehe nganggo mata uang asing) menyang Indonesia saengga bisa kanggo nambahi devisa negara.

Lha yen Pahlawan Kesiangan kuwi wong sing ethok-ethok arep dadi kaya pahlawan nanging nduweni pamrih lan geleme dadi kaya pahlawan ya wis keri dhewe. Mula ya banjur karan sok pahlawan utawa tumindak kaya-kaya pahlawan tenanan ben dialem utawa dikurmati!

 

NASIBE PAHLAWAN LAN JIWA PAHLAWAN  

            Pahlawan Nasional, Pahlawan Kemerdekaan, lan Pahlawan Revolusi sing kabeh paragane wis padha tilar donya, nasibe isih tetep arum asmane kadidene kusumaning bangsa kang sabela marang negara sanajan kudu dadi rabuke kamardikan lan katentremane negara. Saben dina pahlawan isih kinurmatan kanthi upacara mirunggan. Saben dina senin ing sekolah-sekolah isih nganakake upacara kang ing salah siji acarane diisi donga/ mengheningkan cipta kanggo ngurmati arwah para pahlawan.

            Mung wae yen ngarep-arep supaya kabeh wong padha gelem nduweni jiwa pahlawan kuwi sing angel. Bocah sekolah wae yen dicritani perjuangane para pahlawan kanggo ngrebut kamardikane bangsa , akeh sing nyepelekake. Awit pancen ya ora ngalami dhewe. Dadi critane ya mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen. Sok-sok melu upacara dina senin ya akeh sing padha mbolos. Ora mung muride, gurune dhewe ya akeh sing males yen dikongkon teka upacara dina senin. Utamane guru SMP lan SMU sing pas dina senin kuwi ora ana jam mulang.

            Ajaa kok guru sing bayare mung pas-pasan, lha wong sing dadi pejabat negara sing penghasilane tikel tekuk amarga saking akehe tunjangan ika-iki ya arang-arang sing nduweni jiwa pahlawan kok. Malah akeh sing jiwane jiwa durjana, jiwa rampok, jiwa maling, jiwa tukang ngapusi, lan jiwa rai gedheg. Seneng korupsi, manipulasi, ngapusi, minteri, lan liya-liyane.    

            Nasibe Pahlawan Tanpa Tanda Jasa beda maneh. Pakurmatan masyarakat marang Bapak lan Ibu Guru sajake wis kendhur  Biyen, Bapak Ibu Guru bisa dianggep wong pinter, lan wong sing sarwa ngerti. Ning saiki, guru disepelekake. Pancen ya ora salahe masyarakat, guru dhewe ya kena disalahake. Awit, jamane jaman internet, ning gurune ora ngerti internet. Lha piye, bayare kanggo kebutuhan saben dina wae isih akeh tomboke, banjur dhuwit endi maneh sing arep kanggo tuku komputer lan mbayar internet.  Apa pemerintah sing salah amarga menehi gaji guru kok mung sethithik? Ya ora! Pemerintah dherwe dhanane kanggo mbayar guru ya terbatas. Dadi ora bisa nyalahake sapa-sapa. Sing salah ya sing ana neng bui kae.

Pahlawan Devisa ya padha wae. Akeh Pahlawan Devisa sing tumekane ngajal dianiaya majikane utawa kaancam ukuman gantung/mati amarga nglawan majikane nalika dianiaya nganti majikane tatu utawa mati.

            Wong-wong sing padha nduweni jiwa pahlawan ya akeh sing disepeleke. Lagi nduweni kesalahan sethithik wae wis diundamana malah ana sing diusir lan disiksa. Pembantu Rumah Tangga sing ora sengaja nggosongna klambine majikane nalika setlika ya ana sing ganti disetlika tangane. Ibu Rumah Tangga ana sing diajar bojone nganti babak bundhas.

           

Pengirim: Edy Santosa: Kotak Pos 7 Durenan Trenggalek 66381